Tresna Karo Slira

Kainggit Dias Oktri Raka S

Tresnaku marang slira
Tan bisa dietung mawa anka-angka
tan kaduga kadya jroning segara
utawa dhuwuring mega ing akasa
Kaya-kaya nembe wingi sliramu teka
tanggal songo sasi kapindho rong ewu swelas
Jeng, nimas ayu pepujaning ati…

aku pasrah sumeleh ing ati

nyelehake pangarep-arepku
mring katresnan lan kawigatenmu 


aku tresna marang sliramu
pengarep-arep kari pepenginku
tansah sumandhing lan nresnani sliramu
kudu dak tigas tekan semene
kang luwih wigati, Nimas
pandonga lan katresnanmu wae
kang ndak suwun kanthi ikhlasing manahmu
nimas, pepujaning ati gegondelaning kalbu
kanggo mapak tekaning tresno lan asih suci
YAIKU tresna lan ati kang satuhu gati
tan ora kapontho-pontho marang liyan
tan ora nyawang rupa lan bandha
tan ora singidan ing wewanguning jagad
tresna kang kebak rasa asih
tresna kang mengku rasa ikhlas
tresna kang sawiji
amung tresna sejati tanpa binagi..


Kagem, Tiffani Rizki Putri B



Labels : wallpapers Mobile Games car body design Hot Deal
Category:

2 comments:

TiffaniRpb mengatakan...

omaigat :)

Dias Oktri Raka Setiadi mengatakan...

kenapa?

Posting Komentar

Search Terms : property home overseas properties property county mobil sedan oto blitz black pimmy ride Exotic Moge MotoGP Transportasi Mewah free-islamic-blogspot-template cute blogger template free-blog-skins-templates new-free-blogger-templates good template blogger template blogger ponsel Download template blogger Free Software Blog Free Blogger template Free Template for BLOGGER Free template sexy Free design Template theme blogspot free free classic bloggerskin download template blog car template website blog gratis daftar html template kumpulan templet Honda SUV car body design office property properties to buy properti new