CERKAK "ING RUANG BK"

Aku paling suthik yen kudu adu arep karo Bu Woro ing ruang BK. Wis kaping telu aku didhawuhi sowan. iki sing kaping papat.
"Apa ya mung aku kang nyandhang lelakon kaya ngene? Yen karepku ngono kepingin urip kang prasaja tanpa ginubet ing prakara." ujarku ing batin.
Bu lik wis nate crita yen wiwit umur pitung sasi aku dititipake ana ing Depok Sleman, daleme Bu lik amarga ibuku dherek bapak kang wektu semana bara menyang Jakarta. Kebeneran bu lik anggone mbangun bebrayan karo pak lik wis 5 taun durung kaparingan momongan. dadi anggone nggula wentah kaya anake dhewe.
Gantalan taun aku kelas pitu SMP kulawargane bu lik keparingan momongan. Rumangsaku pangrenguhe bulik lan paklik malih grembyang. Gagah putrane bulik kang umure limang sasi luwih digatekake. mulane anggonku mulih sekolah tekan ngomah jam papat sore. yeng didangu wangsulanku ana kegiatan ing sekolahan.
Suwe-suwe pak lik sujana marang alasanku. mulane pak lik ngelegakake rawuh ing sekolah nemoni Bu Woro saperlu ngaruhake kok anggone mulih saben dina mesthi sore. sapungkure pak lik bu woro nimbali aku.
"Bu Wara kepengin Tiffa jujur! Apa sebabe meh saben dina mulih sore? kamangka Tiffa mung melu kegiatan ekstra kerawitan kang digladhi dening pak Triman. Iku wae kegiatane mung dina rebo?" piakone Bu Wara nalika sepisan aku mlebu ruang BK.
Aku banjur crita bab diri pribadiku. nganti ora kuwawa ngendheg lakune luh kang ndlewer ing pipiku.
"Kudune Tiffa ora kena darbe panyakrabawa ala marang bulik utawa paklik. iki ora ateges bu wara mbelani bulik lan paklikmu. nanging putrane bulik rak bocah cilik mesthine buttuh katresnan lan pambiyantu. yen sarane bu wara luwih becik Tiffa asring mbiyantu bot repote kulawarga!" ngendikane bu wara.
Yen dak nalar lan dak gagas bener uga ngendikane bu Woro. mula perkaraku bisa diudhari. nanging ana bab kang dadi panguneg-uneging pikirku. ing ngatase udakara wis 12 taun wong tuwaku ora kondur ing Yogya.
Ing klas 8 aku uga didhawuhi ngadhep bu Woro ing ruang BK. "Iki rak mesthi masalah dhuwit jaket ekstra kang wis dakgunakake?" gunemku sakroning ati.
"Jebul dhuwit jaket kok gunakake karo pacarmu, Tiffa.. Tiffa kok nganti tekan semono tumindhakmu banjur kanggo apa?" ngendikane bu Woro karo gedheg-gedheg.
akeh banget kang dingendikakake bu Woro marang aku. Sing baku aku kudu mbalekake dhuwit jaket lan kudu medhot pacarku. judhegku nganti kelas 9 aku ora iso nyaur.
genep seminggu aku ora mangkat sekolah. ndadekake bu lik lan paklik uga pihak saka sekolahan bingung jalaran kurang sesasi aku ujian malah tanpa kabar kang gumathok.
"dingapura iki ibu mau mulang kelas 8 dadi rada sauntara nunggu ana ing ruang BK." ngendikane Bu Woro karo ndelehake buku lan tase ing nduwur mejane.
ora let suwe pak likku mlebu ing ruang BK dikanthi karo pawongan loro lanang wadon banjur lungguh ana ing kursi kang wis cumepak.
"mesthi Bu Wara kang ngabari pak likku yeng aku ana ing sekolahan." panggraitaku ing jero ati.
"ana ngendi wae ta Tiff, seminggu iki?" pitakone pak lik gawe cingak pawongan loro mau.
Dadi iki Tiffani Saraswati bocah kang dak titipake sliramu ta dhik?" pitakone wong wadon mau karo nyawang lan banjur arep ngekep aku. nanging aku endha rumangsaku ora tepung karo dheweke.
"Apuranen wong tuwamu Tiff? amarga kahanan ndadekake wong tuwamu kudu nitipake kowe marang paklikmu. Yen arep ngajak kowe menyang Jakarta durung cekel gawe. mula bareng paklikmu kirim kabar yen kowe lunga saka ngomah lan sekolah, ibu lan bapak kagungan krenteging ati. sawise lulus bakal dak boyong menyang Jakarta, dak sekolahake ana kana?"
"ngendikanipun ibu mboten kangge ngeyem-eyemu ati kula ingkang tatu menika?"
ibu banjur nyedhakilan ngekep aku. ngesokake kangen kang wis suwe ora tau dipupuk rasa tresna.
"nyuwun pangapunten kula Pak Pon ingkang dipuntangisi Tiffani seminggu kapengker."Tembunge Pak Pon kang mlebu ruang BK kebak kringet pating dlewer.
kabeh pating plenggong ora  ngerti tegese karo guneme Pak Pon. wusanane banjur blaka yen seminggu iki aku nyambut gawe ing omahe pak Pon kang duwe usaha kantin, asile angonku nyambut gawe arep daknggo mbayar utangku.
krungu crita meh kabeh pada trenyuh, sawangsinawang tanpa guneman.
 wiwit kedadean ing ruang BK anggonku nglakoni urip kebak pangarep-arep, kebak katresnan saka wong tuwaku, sangsaya mantep jumangkag ngranggeh impenkku.
BILA ADA KESAMAAN TOKOH WAKTU, TEMPAT, NAMA, DAN LAIN-LAIN. MOHON MAAF KARENA INI HANYA FIKTIF IMAJINASIKU.



Labels : wallpapers Mobile Games car body design Hot Deal
Category:

0 comments:

Posting Komentar

Search Terms : property home overseas properties property county mobil sedan oto blitz black pimmy ride Exotic Moge MotoGP Transportasi Mewah free-islamic-blogspot-template cute blogger template free-blog-skins-templates new-free-blogger-templates good template blogger template blogger ponsel Download template blogger Free Software Blog Free Blogger template Free Template for BLOGGER Free template sexy Free design Template theme blogspot free free classic bloggerskin download template blog car template website blog gratis daftar html template kumpulan templet Honda SUV car body design office property properties to buy properti new